Detail Berita

Informasi Seputar Sindoro- Masyarakat ing ereng-erenging Gunung Sumbing, kemis esuk (12/7) nggelar ritual wiwitan. Ritual kasebut mujudake tradhisi turun temurun saben ngancik mangsa panen mbako. Ritual wiwitan ancase supaya panen raya samengko antuk berkah saka Gusti Kang Maha Agung temah ngasilake mbako kang paling apik.

Sadurunge nggelar ritual, masyarakat Desa Legoksari Kecamatan Tlogomulyo Kabupaten Temanggung ngarak tumpeng lan sajen cacah pitu saka desa tumuju perkebunan mbako kang bakal dipanen. Gunggunge tumpeng pitu ngemu werdi pitulungan tumrap among tani mbako. Ritual kawiwitan methik mbako sepisanan dening Muspida Temanggung kang banjur didongani sesepuh Desa Legoksari.

Sawise didongani, kabeh warga Desa Legoksari nuli ngucap syukur marang Gusti kang dibacutake acara mangan bareng tumpeng pitu sarta sajen ing lahan tetanen.

Miturut Kepala Desa Legok Sari, Subakir, tradisi iki yaiku tradisi turun temurun kang kagelar ndungkap penen mbako. Ritual wiwitan mengku makna wiwit utawa wiwitan panen. Kaajab lumantar ritual kasebut asiling panen bisa akeh lan mbakone bisa payu kanthi rega kang apik.